Kamis, 24 Februari 2011

tuladha sesorah basa jawi

SESORAH PERPISAHAN SISWA KELAS XII
SMA N 10 Yogyakarta

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Bapak-bapak, Ibu-ibu ingkang kula urmati, sumawana para putra-putra mudha-mudhi ingkang karoban ing raos bagya. Saderengipun kula matur wonten ing ngarsa panjenengan, langkung rumiyin kula nyuwun agunging sih samodra pangaksama, awit kula kumawantun, ngadeg ing ngarsa panjenengan sami.
Alhamdulillah ing enjing menika kita sedaya saged kempal sesarengan ing kampus SMA N 10 ingkang kita remeni menika. Kita sedaya ngempal ing kampus menika nggadahi maksud utawi tujuan ingkang pokok, yaiku ngundhuraken para siswa kelas XII ing wulan April menika utawi luwih leresipun tanggal 22 dumugi 24 April tahun 2008 sampun ngrampungaken UNAS ingkang dados syarat utama kangge siswa SMA kangge ngelanjutaken ing jenjang luwih dhuwur. 
Enjing menika, enjing ingkang ngerenyuhaken sanget kangge kita sedaya para hadirin. Menapa boten, ingkang slamanipun kita utawi teseh dados siswa mriki, kita kerep pethukan, sinau sareng, diskusi sareng, ing wayah sekedhap melih kita badhe pisahan. Nanging, kita kagungan pangajeng-ajeng supados perpisahan menika boten kita banjur “pedhot kekancan”. Supados kita teseh wonten rerembagan ingkang ageng kayata sakderengipun kita pisah.
Para rencang ingkang sedaya maksud lan tujuan dianaaken perpisahan menika botenn namung ngunduraken rencang-rencang kelas XII mawon, ananging luwih saking menika supados rencang-rencang tetep eling lan terus njagi rerencangan, inggih menika ing proses sinau utawi mlebet ing kegiatan sanes-sanesipun.
Para rencang ingkang badhe pisah menika, sejatinipun tugas para rencang menika luwih abot maneh, saya inggil tingkat pendidikan saya inggil injih tugas ingkang kedah dipunrampungaken. Mula kta kedah semangat sinau mempeng supados menapa mawon ongkang para erncang cita-citaaken saged dipuncapai. Boten namung kita mawon ingkang bangga menawi sukses, nanging Bapak lan ibu guru kita injih remen lan bangga.
Para sedherek sedaya, wayah saged damel kita sedaya saged kempal ing acara menika. Nanging wayah menika ugi ingkang misahaken kita sedaya. Kita namung saged mbales nggangge doa mugi-mugi sukses lan slamet lan mugi-mugi amal tuwin kesaenanipun para Bpak lan Ibu guru katampi ing sisihipun Gusti Allah Ingkang Maha Agung.  
 Kula cekapi semanten rumiyin atur kula, bilih wonten kiranging atur mawantu-wantu kula nyuwun lumunturing samodra pangaksami.





Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

TULADHA SESORAH
Tuladha Atur Pasrah Calon Penganten
(ing upacara Panggih)

Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh,

Puji panuwun konjuk ing ngarsanipun Gusti ingkang Maha-welas-asih, awit samukawisipun nugraha ingkang sanityasa tumanduk dhumateng titah ing ngarcapada. Saestu bingah raosipun manah-kula dene ing dinten menika saged tumut nekseni acara mirunggan, inggih pawiwahan dhaupipun penganten ingkang regeng-regu sinongsongan rahayu.
Pinangka purwaka, kula ngaturaken panakrami dhumateng para sepuh, pinisepuh, ajisepuh, sumarambah para kadang wredha lan taruna, kakung lan putri ingkang sampun kempal-manunggal ing sasana pawiwahan menika. Tamtu kemawon kanthi pangajab, mugi-mugi kalodhangan menika saestu ngraketaken kekadanganipun brayat ageng ing Pacitan lan gotrah ageng saking Ngayogyakarta.
Ngemban jejibahan pinangka cundhakanipun atur saking Bapak Mujiono sagotrah, langkung rumiyin kula nyuwun agunging pangaksama, dene sampun kumawantun cumanthoka ing ngarsa panjenengan sedaya. Salajengipun, kula nyuwun lilah, mugi dipunkeparengaken matur, mirungganipun dhumateng Bapak Sumardi.
Dene wosipun atur, kula piniji dening kulawarga saking Samirono Ngayogyakarta supados amasrahaken risang atmaja calon penganten kakung, inggih Dhimas Sapta Sutrisna, putra wragilipun Bapak Mujiono lan Ibu Rubiyah ingkang sampun kanthi mantebing tekad sumedya amethik sekar kinarya sesumping, inggih sekar mlathi ingkang angganda marbuk arum saking laladan Pacitan, Jawi Wetan. Sekar menika boten sanes kejawi putri pambayunipun Bapak Sumardi lan Ibu Sukini, inggih ingkang wewangi Rina Febi Pratiwi.
Kanthi linambaran tulusing pangajab, kula pinangka talanging basa Bapak Mujiono sabrayat, amasrahaken calon penganten kakung, inggih Sapta Sutrisno, tumuli kadhaupna kaliyan Rina Febi Pratiwi, nut tataning agami lan negari, ugi jumbuh kaliyan adat salebeting kabudayan Jawi.
Mekaten wosipun atur-kula. Kejawi menika, kula ugi nyuwun pangaksama hambokbilih anggen-kula sakadang pangombyongipun calon penganten kakung pinarak sowan ing dalem ngriki kirang netepi trapsila.
Purnaning atur, kula pribadi nyadhong aksama awit saking kirang jangkeping atur lan tatakrama. Mugi Gusti ingkang Maha-agung tansah paring lumintuning nugraha dhumateng kula lan panjenengan sedaya, saengga kuwawi ngestreni pahargyan menika ngantos paripurna.
Nuwun,

Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh






BEBAYANIPUN NARKOBA TUMRAP PARA MUDHA
Sugito HS

Nuwun,
Agunging pakurmatan konjuk dhumateng para rawuh, kakung sumawana putri, mirungganipun dhumateng para kadang mudha ingkang tansah manggih karaharjan. Pasegahan panakrami mligi katur dhumateng … ingkang minulya. Nyuwun agunging pangaksama wondene kula sampun kumawantun madeg matur wonten ing ngarsa panjenengan sadaya, nun inggih awit saking adrenging manah anggen kula badhe ndherek urun rembag menggah babagan narkoba. 
Para lenggah ingkang kinurmatan, 
Ing kalodhangan wekdal menika kula badhe ngaturaken andharan ingkang magepokan kaliyan prekawis narkoba kanthi sesirah: “Bebayanipun Narkoba Tumrap Para Mudha”.
Para lenggah ingkang sinuba ing akrami,
Minangka purwakaning andharan sumanggA kula lan panjenengan sadaya ngaturaken puja-puji panuwun dhumateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, ingkang datan kendhat tansah paring lumintuning kanugrahan tumanduk dhumateng kula lan panjenengan sadaya. Sahingga kanthi kanugrahan gadhuhaning Gusti mekaten kalawau, ing kalenggahan menika kula lan panjenengan sadaya kuwawi kempal manunggal, nyawiji kanthi kebak ing karaharjan miwah kabagaswarasan, kalis ing rubeda nir ing sambekala.
Para lenggah lan dewan juri ingkang satuhu bagya mulya,
Sampun kasub bilih Ngayogyakarta menika katelah kitha pendhidhikan, ingkang tegesipun minangka papan ngangsu kawruh menggahing samukawisipun ngelmi tumrap para siswa ingkang mijil saking laladan Ngayogyakarta menapa dene kitha sanes ing wewengkon nuswantara, kepara malah wonten ingkang saking negri manca. Ngayogyakarta ugi mujudaken kitha budaya, awit Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat minangka punjering kabudayan adiluhung Jawi ing tlatlah propinsi Daerah Istimewa Yogyakarta, dumugi ing samenika taksih nguri-uri adat budaya Jawi murih mekar saha ngrembakanipun. Manut owah gingsiring jaman, ing samangke Ngayogyakarta ugi kasebat minangka kitha narkoba, tegesipun papan dedagang dol tinuku lan papanipun para pecandu narkoba. Kaserat ing laporan panaliten taun 2003 Ngayogyakarta kalebet satunggaling kitha urutan angka 5 (lima) menggah bebayanipun tumrap penyalahgunaan narkotika lan psikotropika. Kacathet wonten cacah 312 kasus, 114 kasus jebul ingkang nglampahi para mudha. Menawi rumiyin wonten mitos bilih ingkang migunakaken narkoba menika ssaking kulawarga ingkang broken home, samenika sampun benten. Kacihna kawontenan samenika kathah para mudha saking golonganipun happy family saha saking golonganipun well educated ingkang migunakaken narkoba.
Kenging menapa babagan narkoba menika saged ngrembaka?
Inggih amargi, para mudha samenika menawi sampun rena dhateng samubarang ingkang nuwuhaken raos sekeca lajeng awrat menawi nilaraken. Kawiwitan saking pepenginan kagem nyobi, kasambet faktor kanca ingkang asring migunakaken satemah ndadOsaken para mudha langkung celak kaliyan narkoba. Prelu dipunmangertosi dening sinten kemawon mliginipun dhateng para mudha minangka agul-aguling bangsa, bilih kanthi migunakaken narkoba menika ateges nyelaki dhateng kasangsaran saha kacilakan, kadosta sumbering sesakit fisik saha mental, satemah nuwuhaken bebaya pati.
Para rawuh ingkang tansah winantu suka basuki,
Lajeng kadospundi pambudidayanipun para mudha brastha bebaya narkoba minangka punjering kasangsaran saha kacilakan? Kaping pisan inggih menika niyat ingkang saestu temen badhe nebihaken saking narkoba kanthi migunakaken wekdal saha kasagedan kangge nindakaken bab-bab ingkang positif tuladhanipun mlebet ing klub-klub olah raga, seni, saha nengenaken prestasi. Ingkang baku kedah ngatos-atos ing pasrawungan. Kanca ingkang sae menika kanca ingkang saged nuntun saha mbabar kawruh dhateng kasaenan, sanes tiyang ingkang asring ngajab dhateng tindak angkara satemah namung badhe ngrisak saha nebihaken ing pangangkah becik.
Ingkang kaping kalih, kanthi sengkUt gumregut tembayatan kaliyan masyarakat, aparat, saha badan-badan LSM ing antawisipun GRANAT, GERHANA, JAM lan sapanunggilipun, brastha bebaya ngrembakaning saha mekaripun narkoba ingkang saestu saged ngrisak moral saha pranatan negari. Boten saged dipungambaraken menawi sadaya para mudha samenika kenging pangaribawaning narkoba. Sinten samangke ingkang badhe nglajengaken lampahing pamarintahan ing negari Indonesia menika menawi para mudha samya risak moralipun?
Ingkang pungkasan inggih menika kanthi jejeging iman, eling lan waspada adhedhasar agama, sumangga sami gumregah nebihaken saha brastha narkoba ing pangajab para mudha saha negari Indonesia saged uwal saking bebenduning angkara.
Nuwun, maturnuwun. 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar